Bathara Narada patih ing Suralaya
Sang Hyang Narada utawa Bathara Narada iku putrane Sang Hyang Caturkanwaka
lan Dewi Laksmi. Karana iku Narada uga sinebut Hyang Kanwakaputra utawa Sang
Hyang Kanekaputra.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing
jagad pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke
duwe sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang
Caturwarna.
Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi
Wiyodi iku, Narada peputra Dewi Kanekawati kang sabanjure kapasrahake marang
Resi Seta putrane Prabu Matswapati, raja ing nagara Wirata. Saliyane Dewi
Kanekawati, Narada uga peputra Bathara Malangdewa.
Bathara Narada iku disuyudi dening sapa wae kang srawung kalawan dheweke.
Iku amarga Narada iku watake grapyak semanak. Narada uga kondhang alim, pinter
ing maneka warna ilmu, jujur, atine resik, pikirane lantip, seneng gegojegan,
prigel olah kaprajuritan ananging uga temen-temen mandhita saengga antuk
jejuluk resi. Saliyane iku praupane Narada uga bagus.
Ing sawijining wektu nalika Narada mbangun tapa ing sandhuwure banyu
samodra, tangane nggegem sawijining cupu aran Linggamanik. Nalika iku Narada
mertapa kanthi pangajab antuk kasekten lan kawibawan kang luwih.
Patrape Narada iku kaweruhan dening Sang Hyang Manikmaya kang sabanjure
tumeka ing papan mertapane Narada. Sawise sapatemon, kalorone banjur andon
wasis maneka ilmu, ananging Sanghyang Manikmaya ora bisa ngasorake. Kalorone
banjur prang tandhing adu kekuwatan lan kasekten.
Wusanane Sanghyang Kanekaputra bisa diasorake dening Manikmaya kanthi
sarana aji Kemayam saengga Kanekaputra malih rupa dadi cendhek awake lan ala
praupane Wiwit kedadeyan iku Sang Hyang Kanekaputra antuk sesebutan Narada.
Sabanjure sinengkakake minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya.
Kabeh Dewa lan Dewaputra suyud lan manut marang Narada karana kalantipan
lan kapinterane. Malah Sang Hyang Manikmaya dhewe tansah antuk pituduh lan
pamrayoga saka Narada. Tanpa Narada ing Suralaya, Ngarcapada bakal tansah
kisruh.
Kacihna akeh prekara kanggo ngatur Tribuwana lan racake uga angel ngudhari
maneka prekara iku, Bathara Narada tansah seneng atine ngadhepi maneka prekara
iku lan tansah kasil antuk dalan kanggo ngrampungi. Narada tansah bisa
ngrampungi maneka prekara kanthi pratitis.
Dening Batara Guru, Narada asring sinebut ”kakang”. Mula bukane nalika
andon wasis maneka rupa ngelmu, Bathara Guru tansah kalah saengga nuwuhake rasa
nesu marang Narada lan banjur nyepatani Narada.
Ananging karana Narada duwe ngelmu kang luwih dhuwur, dheweke banjur
sinengkakake minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya lan dianggep luwih
tuwa. Wiwit iku Sang Hyang Manikmaya utawa Bathara Guru tansah nyeluk Narada
kanthi sesebutan ”Kakang Narada”.
Ing crita liyane, nalika Bathara Narada sapatemon kalawan Bathara Guru,
Narada diece dening Bathara Guru kanthi ukara yen Bathara Narada iku tangane
papat. Nalika mertapa ing sandhuwure banyu samodra iku, Narada nganggo klambi
ananging tangane sing loro ora dilebokake ing lengene klambi, saengga katon
kaya-laya tangane papat. Saka pangecene Bathara Guru marang Narada iku malah
Bathara Guru dhewe kang kena sepata, saengga tangane dadi papat.
Swuh rep datapitana. Anenggih ing nagari Kanyakawaya. Sinten ta
ingkang anyakrawati mbahudhendha ing kana, anenggih Sang Prabu Gadi. Raja agung
kang darbe gegayuhan luhur lan agung. Kapan sang raja samadi, Sang Prabu yekti
kuwawa pepanggihan kalawan Jawata kang murbeng dumadi. Jroning samadi, tan ana
kang kapinta, amung sawiji kang dadi gegayuhaning nala.
“Dhuh Jawata Agung! Ing sangandhaping pepayung pukulun, nagari
lan para kawula tansah gesang ing karaharjan. Sabab saking punika dhuh sang
maha pangayom, kersaa paring langgenga pangayoman saking pukulun. Nanging
menawi pukulun mboten kersa paring nugraha dhumateng titah paduka kados
ingkang kula pinta, mugi pukulun paringa kanugrahan awujud putra ingkang
luhuring budi, santosa, dirga yuswa lan kalis ing sirna kajawi saking karsaning
Sang Hyang Wisnu kang nglantaraken ing tepet suci”.
Jroning samadi, panuwun Sang Gadi kabul, turun putra kang dinama
dama bakal diparingake. Nyata yen Para Jawata tansah asih tresna kalawan sang
Raja. Nanging sang Prameswari tan bangkit anggarbini, putra kang kapinta
siyang pantaraning ratri, praptane kaya dene adoh lintang sinawat balang ing
kayu. Rasa kuciwa sedhih lan rasa duhkita, angrem jroning manah sang Prabu.
Nikmat mupangating kamulyan kang kinecap ing nguni sakala ilang
muspra. Sang Prabu pungkasane remen bebara ing wana gung, munggah ing redi kang
dhuwur tur wingit. Pitekur telenging wana lumampah anjalak paningal urut
gigiring redi miwah tepining samudra. Ora ngemungake papaning para
manungsa, nanging tumeka ing dangkaning drubiksa dharahing asura, uga karambah.
Prameswari kang setya tansah sih sinisihan bebarengan sak
lakuning sang kakung. Jroning pangumbaran, sakarone tansah mrangguli para
brahmana, resi lan para muni, kang teguh denya sumujud mring sang akarya
jagad. “Apa
ta kang kapinta jroning samadining para brahmana, para resi lan para muni kang
dicecadhang rina pantaraning ratri?” tetanya sang Prabu yen ta
kawijiling lesan. “Sajatine, para suci kuwi ora mbutuhake brana picis, kamulyaning
ngaurip apa dene turun. Nanging kena ngapa para suci tansah tekun manekung ing
samadine?”
Saya suwe lan asringe sang Prabu anggone srawung kalawan para suci,
atetuker ing babagan ilmu sejatining ngaurip, sang Prabu wiwit pana pranawa ing
galih. Uninga yen ta tekad kang kekiblat marang kang sinayudan bakal nuwuhake
gegeter jroning ati, kang wusanane kabul kang dadi sedyane.
“Tan ana kang ginayuh ing alam dunya iki” para suci nerangake marang sang Prabu, “kang ginayuh
amung sawiji, muga-muga kita bisa napaki nirwana!”
“Iki sayekti paminta kang ora bakal kaleksanan ing ndunya” Sang Prabu Gadi ngudarasa jroning driya, “Nanging
senajan kaya ngana para suci iku tetep teguh. Yen ta tindak pitekur iku kinabul
dening jawata, iku kaya dene tindak kang ora muspra”.
Ginugah rasanira sang Prabu Gadi marang tekad kang sakawit,
angambali panuwun mring Sang Maha Agung. Panekung samadi lan panuwun marang
Gusti linakonan kanthi tumemen, sayekti kinabul. Sawijining dina sang
Prameswari nggarbini. Wus wancine, Prameswari mbabar jabang bayi pawestri kang
sulistya ing warna, tetenger kang kaparingake, yaiku Setyawati.
Senajan jroning nala Sang Prabu kuciwa dene amung ginanjar putra
pawestri, nanging Sang Prabu darbe pangarep arep ing tembe bakal darbe
putu putra. Panuwune sangsaya mempeng, panuwun yen ing tembe Setyawati bisa
kapundhut garwa dening sawijining raja agung binatara. Lan turun Setyawati
kuwawa anyakrawati mbahudhenda lungsur keprabone kang rama.
Tetanda kang mangkana sangsaya kasat mata, nalika Setyawati wus
akhir dewasa. Dedeg weweg kinanthi ing teja kang mencorong agawe goreh para
muda kang kataman asmara. Ora mokal lamun keh para raja kang sedya ngayunake
Sang Dhewi, nanging meksa isih katampik, sabab durung ana kang nuju prana.
Kocap kacarita, ana prastawa kang dadi kejoting penggalihe
Prabu Gadi, sawijinging brahmana kang abebusana sudra marak ing ngarsane Sang
Prabu ngaturake sembah.
“Nuwun amit pasang kaliman tabe, mugi tinebihna ing siku
dhendha, kula pun Ricika, putranipun Brahmana Brighu. Keparenga matur ing
ngarsa Paduka Sang Prabu. Awit saking sabda Sang Bathara Waruna, yen Setyawati,
putri jengandika Sang Prabu punika, sayektos sampun ginaris dados jodho kula”
Sakala legeg penggalihipun Sang Prabu. Yen kawetua bakal ngucap
“ Apa waras Brahmana kang murang tata iki?”
Sawatara lama Prabu Gadi datan bisa angandika. “Kepiye
cara nggonku nampik kanthi alus”. Nanging pangandikane amung
kasimpen jroning ati. Pekewuh yen nulak, lan rinasa bakal gawe tatune brahmana
mudha.
Nanging yen Setyawati kaparingake marang Brahmana kang lugu,
mungguh apa kedadiyane mengko . . . . . .
Tetimbang kang wus pinilah jroning batin, Sang Prabu wekasane
muwus, “Apa
pancen bener lamun Bathara Waruna wus tumurun prapta ing ngareping andika?
Ingsun
percaya marang sira, nanging tudhuhna bukti luwih dhisik. Ing kene ingsun
prasetya, yen sira bakal bisa nggarwa putriku, Setyawati, lamun wus bisa
ngaturake bebana kang bakal kapundhut”
“Sumangga Sang Prabu, kersaa ngaturaken dhateng kula, bebana
menapa ingkang kakersaaken?” Ricika ngaturake
tetanya.
Rikating kandha, gelise kang munggel kawi. Liwunging pangamuk
Sang Ramaparasu ambrastha para satriya, wus numpes kurban kang tanpa wilangan
cacahe. Para golonganing satriya kang jirih nggetih pada kapilayu ngupadi papan
pandelikan. Dene kang wani, kacandhak, sigra kasempal kaprapal kaprawasa. Ora
mokal lamun para satriya kang nampa pawarta, yen ta Ramaparasu cedhak lan
papan dunungira, sakala pada payus mukane, maras atine miris sesawangan marus,
kayadene wus mulat dewaning panjabut nyawa, Bathara Yamadipati.
Nanging kena kaumpamaake, kadi dene dahana mangalad alad kang
mbesmi kekayoning wana, sangsaya dangu tartamtu bakal sirep. Mangkana uga
derenging kanepsonipun Sang Ramaparasu kang wus tanpa tandhing karana
para satriya sampun tumpes tapis tanpa sesa.
Nalika samana kandheg lampahira Sang Ramaparasu, aneng tlatah
kang ingaran Samantha Pancaka. Ing kana dumadakan tuwuh pangangen angen kang
lumayang jroning driya.
“Wus sangkep anggonku brastha para satriya kanthi warata. Tan
ana sawiji kang kesingsal, saban aku tumeka ing sawijining tlatah. Kabeh kang
kang katindakake iku amung tumuju marang sawiji kang kaesthi, yaiku
karahayoning jagad. Nanging apa ta sababe, bebrayaning urip isih nglairake
golonganing satriya ing saindenging jagad. Yen ta kaya mengkana, mesthine
tuwuhing golongan satriya iku, wus dadi kodrat kang wus kapurba lan kawasesa
saka kang murbeng dumadi. Apa hiya garising tatanan urip iku kaya mengakana? Sakal Sang Ramaparasu mandeg mangu. Jroning ati amung ana rasa
suwung kang ambabar rasa kuciwa.
Saka judheging rasa, wadung kang tansah sumandang ing gigir
tinakonan. Patrape Ramaparasu, yen kadulu kaya dene wong kang nandang tonen.
Wadung, wus sepira cacahe golonganing satriya kang wus
kaprawasa? Kowe sing dadi seksi! Mider saindenging jagad lakuku, ora ana kang
kaesthi amung ngayahi sesanggeman. Ora saka pamrih marang sawiji wiji golongan,
luwih luwih pamrih tumrap dhiri pribadi. Kanthi tulusing ati, tak aturake darma
bektiku tumuju marang Hyang Widi Wasesa. Kang tak ajab amung karaharjaning
ngaurip. Wektu iki aku wus lalu yuswa, nanging Paduka Pukulun maksih tetep
anglairake para satria kang jumedhul mbaka sawiji ing saindenging papan.
Sanajan susul sumusul lairing para satriya, bakal tetep tak leksanani
darma kang laras kalawan rapuhe angga.
Nanging karana ngapa, para satriya isih terus linairake?
Kandhanana wadung, paran sejatine, apa kang kasebut sejatining sesanggeman
kuwi! Kandhanana, ing ngendi bab kang becik kang kudu tak tindakake! Apa jeneng
ingsun kudu nglarapake Panahku Bargawastra marang ing akasa suwung, sahengga
ilang musna, sirna saka jagad raya? Kanthi mangkana aku ora kumudu lumaku
njajah desa milang kori, ngambah negara negara, lan papan kang ora kaduga
suku iki jumangkah.
Genti gumanti sanjata kang tansah sumandhing kasawang, wadung
lan pusaka panah Bargawastra. Wadung kaselehake, ganti ingarasan Panah Kyai
Bargawastra kang uga tumuli sinelehake ing watu gilang.
Heh Bargawastra, kowe sanjata kang ampuhe anggegilani. Ora ana
sajuga, kang keduga nandingi kasektenmu. Semana uga ora ana salah sawiji wiji
satriya lan golonganing mahluk apa wae, kang keduga ngalahake yudaku. Kira kira
ing ngendi papane Bathara Wisnu kang kesdu nguji kasektenmu.
Gumremeng guneme Ramapasu, anjinggleng mandeng senjata sakti
Bargawastra. Kang pinandeng tan ana mosik, neng kaya watu ning kaya banyu.
Sakala sesawanganing netra amung suwung, pasuryane suntrut peteng. Angles kekes
kinunci nalanira, sahengga tan bangkit anenimbang tindak. Wusana Ramaparasu
lungguh ing sangandhaping ampingan watu pepereng. Sesawang ing ngarepira, adoh
anglangut tan ana watese.
Mila mangkana, mangsakala iku Sang Ramaparsu wus lalu yuswa,
rikma wus asawang nyambel wijen. Senajanta blegering raga maksih santosa,
netra tuwa isih murub mangalad, karosane isih tetep kagila gila kaya
keduga nembus betenging waja. Nanging wujud sarira wus saya suda sesawanging
mudhane, kaya sinedhot ing ubenging mangsa kala.
Apa ingaran muspra kang tak tindakake seprana seprene? Ngudarasa jroning batin, saka sumuk amuking pamikir jro
panggalihira. Nanging kaya sinengkakake, sakala tuwuh pangucaping batin.
Pangudarasa kang pranyata malah dadya kejot tumraping rasaning pribadi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar